Jaran Mayang Seto Lakon Ludruk Penjajahan oleh Kartolo CS

kartolo-cs.blogspot.com
Jaran Mayang Seto - Cak Kartolo

Kartolo CS - Jaran Mayang Seto part A



Kartolo CS - Jaran Mayang Seto part B




Sekali-kali ayok crito sing serius sitik yo rek, crito iki diilhami soko sejarah asli perjuangane rakyat Indonesia nglawan penjajah Londo sing njajah rakyat onok nang tanah Jowo (daerah Pasuruan-Probolinggo - tapal kuda). Cak Kartolo kedapuk dadi Bambang Sutejo sing numpaki Jaran putih sing arane "Jaran Mayang Seto" ngobrak-abrik pabrik tebu-ne wong Londo. Wong-wong sing melok bolo Londo mangkel sampek nglaporno kelakoane Bambang Sutejo maeng nang nggone tangsi Londo. Bambang Sutejo pas nang ndalan ketemu karo Santi anake Lurah Wongso (Lurah sing gak gelem nyambut gawe ambek wong Londo), Lha Santi iki konco sa' perguron ambek Bambang Sutejo sekaligus yo dadi pacare pisan. Wadeng pimpinane wong sing nyambut gawe ambek Londo marani Lurah Wongso perlune arep nglamar anake Lurah Wongso, ambek de'e ngongkon Lurah Wongso leren dadi Lurah deso Kraton, ambek ngongkon penduduke nandur tebu telung prapat teko tanahe, tapi Lurah Wongso gak gelem. Mari ngono onok kongkonan Londo sing jenenge Nurbidin, mari ngono nyeret Lurah Wongso digowo nang Tangsi. Mari ngono Santi anake Lurah Wongso mlayu ketemu ambek Bambang Sutejo, trus ngomong nek Bapake diseret ambek Londo.
Pingin weruh teruse critone sak teruse? Ringekno dewe yo rek...
(Pemain : Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Munawar, Cak Basman, Cak Bowo, Ning Kastini ambek konco-konco liyane)
Previous
Next Post »
Thanks for your comment